14:04
0

Urip ning negoro sing aturan ne akeh lan let sedilut di ubah meneh ngawe rakyat bingung lan mesti ngawe susah. Wiwit ono pagebluk corona pemerintah pusat ngawe macem-macem aturan trus antar kementerian bedo-bedo. Pemerintah daerah mengimplementaseke ning lapangan dadi bedo-bedo, Tuladha aturan sing mbigungke rakyat yaiku: Presiden Jokowi ngendiko "mudik" (mulih kampung) ora entuk (dilarang) yen "pulang kampung" entuk lah kui artine juga podo (sinonim). Menteri Perhubungan ngomong mudik lan pulang kampung ora entuk, terus yen urusan bisnis entuk lungo ning ngendi wae. Aturan bab bantuan sosial juga ngawe bingung rakyat, sing entuk mung wong mlarat sing wis kedaftar ning database padahal sing keno dampak corona ora mung wong sing mlarat, kabeh wong do keno. Wong kelas menengah yo iso dadi mlarat, amergo dipecat seko kerjaan ne utowo bisnis e bangkrut pungkasane wis ora ono lebonan (income). Database wong mlarat pun bedo-bedo jumlah e antar instansi yaiku Kemensos, BPS lan Pemda durung sinkron. Database ora sing paling anyar (up to date) lan double entry kui sing nyebab ke ruwet mengko ning penyaluran ne.
Terus aturan-aturan PSBB ning lapangan sing ngawe mumet lan stres rakyat. Boncengan nganggo kendaraan rodo loro entuk asal bebojoan tapi bedo yen nganggo mobil, lungguh sesandingan ora entuk senajan bebojoan, yen dianalisis jarak sesandingan iseh ono jarak ketimbangan beboncengan.
Aturan tentang relaksasi / penanguhan cicilan / angsuran kredit ngo wong sing keno dampak corona, fakta ning lapangan poro perusahaan pembiayaan (finance / leasing)  malah ora ngawe enteng nasabah e malah mbebani ning mburi ne, bunga iseh tetep di itung plus ono biaya  relaksasi / penangguhan ne sing di beban ke. Dadi intine ora ngering ke malah nambah mbebani senajan mengko ning mburi ne. Iki jelas ora sesuai instruksi Presiden Jokowi. Pagebluk Virus Corona wis ditetepke dadi bencana nasional kudu ne perusahaan bank, finance lan leasing ora nambah ngawe susah nasabah e.
Tentang Kartu Prakerja, miturut ku pelatihan-pelatihan sing ono program kartu prakerja kui wis ono kabeh ning Channel YouTube. Pendapat masyarakat wektu iki ora butuh pelatihan online sing dibutuhke bantuan tunai amergo ono ne pembatasan sosial. Jan ne luwi bijak wong sing podo nganggur durung duwe kerjaan, iso kon kerjo resik-resik selokan, kali lan pantai men tahun ngarep e yen pas musim udan ora banjir.
Yen pagebluk corona iki tambah suwi bakal ngawe ekonomi ambyar kabeh, solusi ne pemerintah pusat tekan daerah kudu kompak lan saling koordinasi nemok ke solusi sing paling tepat.
#Corona #MenclaMencle #PlintatPlintut